Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi

cocok anggone nyambut gawe nggoreng peyek. Pakaryane Waljinah ora patia abot amerga mung gorengi peyek.

Dening juragane pendhak dina Waljinah dibayar Rp15.000,00. Bayar semono kuwi dening putrine Pak Dolah digunakake kanggo uripe sakulawargane. Wanita kang sulistya iku krasan anggone makarya ing Srandakan, amarga gaweyane penak lan juragane ora uthil marang para pegawene. Waljinah melu juragan peyek iku udakara telung taun.

Ora watara suwe juragane Waljinah seda amarga lara tuwa lan nadhang lara darah tinggi. Usaha peyeke bangkrut lan pegawene dilereni kabeh. Amerga kuwi mau putrine Pak Dolah dadi nganggur maneh lan ora nduwe ragad kanggo nguripi kulawargane. Perkara kuwi mau ora ndadekake Waljinah mandheg lan pasrah. Malah dheweke duwe pepinginan gawe peyek neng ngomahe dhewe yaiku ing Pelem Madu, Imogiri, Bantul. Peyek sik digawe padha karo sing ditandangi rikala melu juragan peyek ing Srandakan. Peyek sing arep digawe yaiku peyek jingking.

Putrine Pak Dolah sing jenenge Waljinah banjur gawe peyekjingking direwangi adhine sing jenenge Warinah. Wiwitane, peyek gaweyane waljinah ora laris kaya sing digawe mbiyen, nanging dheweke tetep sabar. Wanita kang tumemen iku duwe pamikiran yen ora kasil gawe peyek jingking, ora ndadekake Waljinah pasrah, dheweke tetep gawe peyek jingking. Malah saiki ora mung nggawe peyek jingking, nanging uga gawe peyek tumpuk.

Peyek dipasarake ing warung-warung ana ing tlatah Bantul. Peyek gaweyane Waljinah lan adhine laris banget. Saben rong dina pisan dheweke mbutuhake siji kuintal jingking lan loro kuintal kacang. Amarga kuwi wanita kang dedege sedheng iku rumangsa kewalahan. Mula dheweke banjur golek tenaga kanggo ngewangi gawe peyek, cacahe tenaga mau ana selawe. Kabeh tenagane Waljinah ora mung saka dusunne dhewe nanging katambahan saka dusun Barongan.

Sawijining dina, ana turis saka manca Negara teka ana ing Pelem Madu, Imogiri, Bantul. Turis iku saka Papua Nugini. Turis iku jenenge Valeria. Ora ngira turis saka manca Negara iku teka

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

21