Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi

ana ing Pelem Madu Imogiri Bantul. Turis iku mampir ana ing omahe Waljinah lan karyawane. Sawise ngrasake peyek gaweane putrine Pak Dolah iku turis mau kepencut marang peyeke Waljinah lan turis mau banjur usul supaya peyeke diekspor ing Papua Nugini papane panggonane Valeria. Usule Valeria kuwi mau dipikirke lan dirembug bareng antarane Waljinah, keluwargane lan pagawene. Keluargane lan pagawene sarujuk yen peyek Pelem Madu diekspor ing Papua Nugini. Bakayune Warinah langsung banjur ngirim peyek ing Papua Nugini. Ing mancanegara produk peyek Pelem Madu iku dituku diregani dhuwur. “Wektu krungu kabar peyek gaweyanku payu lan dituku kanthi rega sing dhuwur mau aku seneng banget” ature Waljinah.

Tekad lan semangate wanita lulusan SMP Negeri 2 Imogiri iku pantes diacungi jempol. Paling ora, kanthi usahane bisa ngangkat tlatah Bantul tekan manca negara utawa luar negeri, yaiku Papua Nugini. Kualitas bahan kang apik lan prabotan kanggo gawe peyek kang lengkap sangsaya ningkatake produksine. Wanita kang dhedege sedheng iku duwe pangarep-arep supaya Bupati Bantul kersa mbiyantu murih peyek jingking lan peyek tumpuk Pelem Madu sangsaya maju. Kupiyane putrine Pak Dolah kanthi usaha nggawe peyek njunjung drajating para pagawene lan warga dusun Pelem Madu Imogiri Bantul. Kiprahe Waljinah gawe peyek sing diwiwiti saka taun 1996 iku entuk penghargaan (pangalembana) saka Dinas Perdagangan lan Bupati Bantul.

Saksuwene 15 taun kanthi rasa asih Waljinah tansah nggatekake para pagawene, mula pegawene rumangsa krasan lan seneng anggone tumandang gawe. Sisihane Pak Murdasih iku uga ora owel lan ora cethil asung seserepan tumrap warga sakiwa tengene. Dheweke ora rumangsa kesaing rikala tanggane melu-melu gawe peyek padha karo sing digawe dening Waljinah. Ibune Endar lan Supri malah seneng yen tanggane ana sing melu gawe peyek, amarga bisa kanggo gaweyan lan bisa kanggo nguripi kulawarga. Waljinah uga saya seneng yen ilmune bisa piguna tumrap wong liya.

Ora mung kuwi, adhine Waljinah mbukak usaha peyek jingking lan peyek tumpuk ana ing Bandung. Kejaba ing Bandung,

22

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~