Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/351

Kaca iki wis divalidasi

dino sholat jengkang-jengking ning apa hasile? Nasipe awake dhewe ora rubah tetep wae melarat.”

10. RINI: “Astaufiruallah pak…!” (nelongso).”


ADEGAN III

SIMBOK KRUNGU ANGGONE RINI LAN BAPAKNE UDUR, DEWEKE NENG NGAREP LAWANG.

11. SIMBOK : “Astaufiruallah pak..!!! karo anak kok ngomong koyo ngono. “Awake dhewe susah kaya ngene iki minangka cobaan pak.. ujian…!” (mangkel)

12. BAPAK : “Halah... ket mbiyen kowe ngomong kaya ngono..!” Aku nganti apal, cobaan, cobaan… ujian, ujian, ujian kok ra rampung-rampung.”

13. SIMBOK : “Rin… kana kowe neng pawon neruske gawean, nguntingi kayu!”


ADEGAN IV

RINI MLAKU NUJU PAWON NERUSKE ANGGONE NGUNTILI KAYU

14. SIMBOK : “Pak… nek pancen bapak kepingin nasipe awake dhewe rubah bapak ki usaha.. ora mung tura-turu, mancing, malah anak bojo sing golek duwit, anak loro cilik-cilik aku kabeh sek ngopeni... Aku ki wis pincang duwe bojo ra tanggungjawab kok le sial...!”

15. BAPAK : “Aaaaaaaaaa….lueh, sak karepmu aku wis jeleh krungu omonganmu, nek pancen ra iso ngopeni anak loro, sek siji iki guwangen!”

16. SIMBOK: “Wo… edan tenan kowe pak-pak.” Sak karepmu saiki aku ra ngurusi, aku ki mung iso ngelengke, aku ya wis jeleh karo tumindakmu..”

ADEGAN V

330

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~