Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/356

Kaca iki wis divalidasi

81. SIMBOK : “Rin.. iki Rin, bapakmu.”
82. RINI : “Enten menapa mbok..?”
83. SIMBOK : “Iki Rin.. bapakmu ngekeki duwit simbok okeh banget.”
84. RINI : “Subkhanalloh saking pundhi niki mbok.?” (sumringah)
85. SIMBOK : “Ha..yo.. kui aku yo ra reti, kira-kira seko ngendi?”
86. RINI : “Duh…. mbok.. kula mboten ngertos.”
87. SIMBOK : “Yo.. wis saiki kowe tuku janganan neng pasar, banjur simbok dhaden geni, iki duwite blanjakna sing pepak.!”
88. RINI: “Inggih..”
89. SIMBOK: “Cepet.. ya!”


ADEGAN XIV
RINI METU TUKU JANGANAN,SIMBOK DHANDEN GENI ANANGING DEWEKE ISEH BINGUNG SEKA NGENDI DUWIT SING DIKEKI BOJONE KUI.
90. SIMBOK : “Duwit kuwi seka ngendi ya..?” ora mungkin le nemu, apa bapak nyolong ?..” ah ora mungkin.” Ah.. tapi saya ora mungkin ne uwong ngekei semana okehe.”

ADEGAN XV
RINI WES BALI SAKA PASAR,BANJUR DEWEKE NENG PAWON
91. RINI : “Mbok.. niki sampun kula tumbasken, niki pepak sanget wonten sarem, gendis, tigan, bayem, iwak, beranbang, bawang pokoke pepak sanget.”
92. SIMBOK : “Yo… Alhamdulillah Rin, simbok seneng tenan Allah maringi rejeki.”
93. RINI : “Injeh.. mbok.”
94. SIMBOK : “Yowes saiki awake dhewe ngliwet, njangan kangkung, gule ngoseng-oseng lan gawe kacang ijo.’

95. RINI : “Duh.. mbok kathah sanget, anggenipun masak.?”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

335