Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/358

Kaca iki wis divalidasi

uallah tenan iki gone Pak Slamet, ananging kok iso neng kene, pop iki ana kaitane kara duwit sing diwenehke simbok seka bapak?”


ADEGAN XIX

RINI MANGKAT,BANJUR WIS TEKAN DEWEKE NDASARKE KAYU LET SEDELOK SIMBOK TEKA.

107. SIMBOK : “Lho… lagi wae lekas kowe?”

108. RINI : “Inggih .. mbok.”

109. SIMBOK : “Yowis rapapa.”


ADEGAN XX

KOYO BIASANE JURAGAN GUDEG MORO,AREP TUKU GUDEG

110. BAKUL GUDEG : “Sak.. until bu.”

111. SIMBOK : “Inggih pak .. niki.”

112. BAKUL GUDEG : “Eh… Bu sak iki ngati-ngati, neng pasar kayane okeh copet, wingi aku neng pasar iki arep blanja, malah dompetku ora Ana terus jare bakul Lombok deweke yo ora weruh berarti nak.. yo di colong to ?”

113. SIMBOK : “Asstaufiruallah.. aduh kula mbaten ngertos pak..?

114. BAKUL GUDEG : “Yo.. pokoke ati-ati wae bu.!”

115. SIMBOK : “Inggih .. pak menapa mboten bapak laporaken wonten ing kantor polisi.”

116. BAKUL GUDEG : “Ah.. rasah arep tak lacak wae, sokorsokor pelakune ngaku.”

117. SIMBOK : “Ow.. ngoten menawi pelakune ngaku dhos pundhi?

118. BAKUL GUDEG : “Aku bakal ngekeki sek lueih, kejujuran iku luwih penting, jaman saiki angel golek wong jujur.”

119. SIMBOK : “Wealah.. njenengan niku kok wicaksana sanget.”

120. BAKUL GUDEG : “Hayo.. urip ki kudu ngana kui, yowis aku tak mulih iki duwite 2500.”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

337