Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/36

Kaca iki wis divalidasi

peyek Pelem Madu Imogiri Bantul uga bukak cabang ing Jetis, Cepit, lan Barongan. Kabeh iku uga diekspor ing Papua Nugini. Dadi, asile peyek Pelem Madu saya akeh lan wargane dadi makmur jalaran nggorengi peyek.

Sisihane Pak Mudarsih iku mau uga seneng amerga dheweke bisa nguripi keluargane. Ora mung kuwi, rejekine saka gawe peyek bisa kanggon yekolahke lan nguliahake putra lan putrine. Bocah lulusan SMP Negeri 2 Jetis kuwi pengin gawe cabang maneh. Kejaba njebarake pasar uga nyipta pagaweyan tumrap kanca-kancane sing durung cekel gawe kang omahe ana ing tlatah Bakulan. Mula, ibune Endar lan Supri mau banjur mbukak cabang ana ing Bakulan. Sing pantes kanggo patuladhan, dheweke ora mung nggawe cabang, nanging ora owel tansah ngandhani lan nyontoni kanca-kancane carane gawe, madhahi lan adol peyek.

Temen, ora cethil lan ora owel nularake kabisane marang wong liya mau kang njalari Waljinah sangsaya kasil lan sukses. Dheweke ora mung mikirke suksese dhewe nanging uga nggatekake liyane.

Saka andharan mau, kacetha menawa rejekine Waljinah lan warga Pelem Madu jalaran gawe peyek. Mula banjur bisa diarani amarga peyek rejekine nemplek.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

23