Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/366

Kaca iki wis divalidasi


babo. Padune ora wani!! He wadya bala, pasukan Majapahit....keciiil. Ha tak tendang ndang. Tak gajul, jul. He wong-wong Majapahit, kelakon tak remet-remet jadi bregedel.

BABAK II

Adegan 1 :

ING SAWIJINING WENGI WULAN NDHADHARI, NING TENGAH-TENGAHING WENGI, ANGGORO MANIS, RATU KENCANA WUNGU LAGI SEMEDI ING SANGGAR PAMUJAN.

006. SWARA GAIB

He, Ratu Majapahit, mangertiya yen

prahara kang bakal nemahi negaramu mengko mung bisa sirna yen Sliramubisa nemokake senopati perang saka desa Paluhamba. Satria mau jejuluk Damarwulan.

BABAK III

Adegan 1 :

SAWIJINING DINA, ING PISOWANAN AGUNG MAJAPAHIT, KATUNGKA PARA PUNGGAWA LAN PANGEDE KRATON. 007. KARIKATURAL

Sembah bakti kula Gusti Ratu Kencaaa..na Hawungu.

008. KENCANA WUNGU : Baktimu Ingsun tampa.Wo.., Patih Harya Logendeng?” 009. PATIH HARYA LOGENDENG

E..E.. Sungkem pangabekti kula

mugi konjuk Gusti Ratu. Nun inggih, kula Retyana Patih Harya Logender sendika nyadong dhawuh...He..Cah, patih ki kaya aku iki... Haa... Dhasareya patih senior, pengalaman babakan apa wae.. tandang gawene mesthi mrantasi...

Gagah pidekso... tur yaaa...

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

345