Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/367

Kaca iki wis divalidasi

010. PRAJURIT 1 ( NYELETUK )  : Clemer...

011. PRAJURIT LIYANE (PADHA NGGUYU) : Haa...haaa...haaa.

012. PATIH HARYA LOGENDENG  : Hus.. Mingkem! sopan, patih jedi omongke( EMOSI )Sapa kuwi mau? Njaluk takmutasi neng Dlingo pa? Hooo trembelane.”

013. KENCANA WUNGU : Wa Patih Harya Logendeng?” ( WIBAWA )

014. PATIH HARYA LOGENDENG : Ngerti ora ? Aku iki kang wis kondhang kaloka. Presiden Obama wae ngajeni karo aku... Sapa-sapa? Lo gendeng..

(ISIH NYROCOS KARO PARA PRAJURIT )

Lha kok kowe prajurit golongan I A wae wani neranyak karo patih, pejabat Eselon V.

015. KENCANA WUNGU : Patih Logendeng...( RADI SORA NGENDIKANE ) Ngerti ora yen kowe ki...

016. PATIH HARYA LOGENDENG : Adhuh, Ampun Gusti Ratu, ampun... ( SALAH PANAMPI ) Ingkang kawula kajengaken menika prajurit ingkang matur menawi kula menika clemer.

017. KENCANA WUNGU : Lha Wo patih clemer ora?

018. PATIH HARYA LOGENDENG : Yaa, kala-kala Gusti. ( NYLEKUTIS )

019. KENCANA WUNGU : “Ingsun nimbali sira amarga ana bab wigati kang ingsun ngendikaake marang sira. Kakang MENAK Koncar – Wo patih Harya

Logen

346

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~