Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/369

Kaca iki wis divalidasi

menika badhe kula aturaken dhateng Senopati perang ingkang unggul wonten ing sayembara, rak ya ngono ta Adhi Menak Koncar?
027. MENAK KONCAR: Inggih Bapa Empu.
028. PATIH HARYA LOGENDENG : Hee, Dhi Koncar lan Bapa Jambe Sabrang.Panjenengan-Panjenengan menika kok kagungan pamanggih ingkang boten pakra... Kangge menapa ngawontenaken sayembara? Menapa Panjenengan menika kesupen, menawi kula menika gadhah putra. Anak kula Layang Seto lan Layang Kumitir prajurit pengpengan lho.. Dipunanggep menapa? Huh, sayembara namung ngawutawut arta negara, hambok kasrahaken Layang Seto lan Layang Kumitir kemawon, beres, thes-thes..rampung.
029. MENAK KONCAR : Nyuwun sewu Kakang Logender, lha menapa menawi Seto-Kumitir menika prajurit ingkang pilih tandhing, kenging menapa boten saking wingi-wingi cancut tali wanda, ndherek majeng perang?
030. PATIH HARYA LOGENDER : Lha durung ana dhawuh. Sing arep mbayar, sapa hara? Kabeh kuwi nganggo ragat. Kowe po sing arep ngragati ? Kudu prosedural, profesional, tupoksi-ne. kudu cetha. Huu, ra dhong we phetekosan.

031. KENCANA WUNGU : Cekap!! ( JENGKEL )

86

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~