Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/37

Kaca iki wis divalidasi

Iin Yuliyanti
SMA Negeri 1 Kasihan


IJO SEKOLAHKU,
GRENGSENG SI NAUKU


SMA Negeri 1 Kasihan kang sering kasebut SMA Tirtonirmolo iku mujudake salah sijining sekolah berwawasan lingkungan ing Kabupaten Bantul, Ngayogyakarta. Miturut Rachmat Basuki, S.Pd., guru biologi ing sekolah iki, sekolah berwawasan lingkungan yaiku sekolah sing nggatekake utawa ngupiya kahanan lingkungan kang resik, sehat, serasi, seimbang kanggo sarana pendidikan para siswa kang katempuh kanthi mbiyasakake nresnani lingkungan. Ing sekolah iki kahanan resik pancen digatekake. Akeh paugeran kang ana gendeng-cenenge karo lingkungan, salah sijine yaiku penggakan (larangan) mbuwang uwuh ing sadhengah papan.

Resike sekolah dadi wose sekolah berwawasan lingkungan. Mula kabeh papan ing sajroning sekolah dijaga resike. Tundhone supaya resep sinawang lan ora kanggo susuh penyakit, saengga kabeh warga sekolah pada saras. Para warga sekolah kudu nyengkuyung program kang becik iku kanthi ngleksanani piket padinan kelas miturut jadwal kang wis disarujuki bebarengan lan melu program “Sabtu bersih”. Kridha kang dileksanani ing program “Sabtu bersih” yaiku ngopeni tanggungane dhewedhewe. Dadi saben warga sekolah duwe tanggungan siji kang kudu dijaga lan diopeni. Tanggungan iku bisa awujud tetaneman, barang, lan papan utawa plataran.

24

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~