Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/370

Kaca iki wis divalidasi

032. PATIH HARYA LOGENDER : Lha nek mung maju perang we, kabeh wong isa.
( TAKSIH NYEROCOS ) : Ngaliman we pinter Ya Man?
033. KENCANA WUNGU : Cekap! ( TEGAS ) Mendel.

Adegan 2 :
BOTEN KANYANA-NYANA KEPIRENG SWANTEN GLUDHUG SAHA ANGIN LESUS, KASUSUL SWANTEN GAIB.
034. SWARA GAIB : Damarwulan- Damarwulan......? ( ECHO ) Damarwulan. 035. KENCANA WUNGU : Panjenengan boten sisah binggung, menika wau wangsit ingkang nate ingsun tampi, pramila Ingsun dhawuh Paman enggal-enggal ngupadi nem-neman ingkang asesilih Damarwulan. Mawantu wantu Ingsun tengga. Pisowanan wekdal menika kaanggep cekap, sedaya kepareng lengser paseban saha enggal nindaaken jejibahanipun piyambak- piyambak.
036. SEDAYA INGKANG RAWUH : Sendika Kanjeng Ratu.

NALIKA PISOWANAN RAMPUNG PATIH HARYA LOGENDENG SARE ING KURSI, NGANTI ORA PIRSA YEN PISOWANAN WIS RAMPUNG.
037. PATIH HARYA LOGENDENG : Heeerrrr...rooookkk... Heeeerrr... roookk.


TANPA KANYANA-NYANA KATUNGKA TEKANE BONCIL KANG NGUGAH PATIH LOGENDENG..............

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

349