Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/378

Kaca iki wis divalidasi

Menak Jingga, Ingsun bakal dadi garwamu...!

119. DAMARWULAN : Inggih Sinuwun, kula nyuwun pamit.

120. KENCANA WUNGU : Pisowanan ing dinten punika kita cekapi.

121. SEDAYA : Bektos kula Gusti Ratu.


BABAK VII

Adegan 1

NALIKA MENAKJINGGA SAWEG REREMBAGAN KALIYAN GARWA-GARWANPUN, DHUMADAKAN KEPIRENG SWARANE DAMARWULAN NANTANG SORA.

122. DAMARWULAN : He Adipati MENAKjingga, nungkula klawan aris. Kowe wis takkepung.

123. MENAK JINGGA : He bocah cilik, sapa kowe wani mlebu.

124. DAMARWULAN : Aku Damarwulan, Senopati Majapahit.

125. MENAKJINGGA : Sapaaa? Ngaliman?

126. DAMARWULAN : Damarwulan.Ngertiya he, Menak Jingga, aku mrene marga diutus Ratu Majapahit supaya nigas janggamu. Ayo Menak Jingga tandingana aku.

127. DAYUN : Waduh gawaat, ati- ati Kanjeng.

128. MENAK JINGGA : Sareh wae Yun.Dhiajeng WaitoPuyengan, nyingkira.

129. WAITO-PUYENGAN : Inggih kanjeng.

130. MENAKJINGGA : Damar Wulan kowe bayi wingi sore durung puput pusermu, wis wani nantang Menakjingga. Apa bosen urip kowe. Damarwulan, ayo tokke kabeh kasektenmu! Patenana aku, nek kowe bisa... ayo!

131. DAMARWULAN : Hhhiaaatt.....hhhiiaatt....

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

357