Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/379

Kaca iki wis divalidasi

132. MENAKJINGGA : Huaaaaat....

133. DAMARWULAN : Menak Jingga, nyebuta bapa lan ibu pertiwi, tampanana aji lebur sekethi iki....! Hhhhiiiiiaaaattt......


Adegan 2

KANTHI SWARA KAYA BLEDEK SERUNE, MENAKJINGGA NADHAHI TIBANE AJI-AJINE DAMARWULAN KANTHI GADA WESI KUNING. DAMARWULAN TIBA SEMAPUT......

134. DAMARWULAN : Lho..lho. Aaaaacchh...

135. MENAKJINGGA : Modar kowe! Huhh....

136. DAYUN : Kanjeng, digdaya tenan.

137. DAMARWULAN : He Adipati Menak jingga, mreneya!.

138. MENAKJINGGA : Kurang ajar! Ra urus ki! Durung mati kowe, ya? Nanging, Damar Wulan, saiki kowe mesthi mati.

139. DAMAR WULAN : Menak Jingga,aja kakehan sumbar! Sesumbarmu ora bakal nylametke nyawamu. Menak Jingga, tampa iki Hiiiiiaaaat.”

NARATOR: “Adipati MENAK Jingga pungkasane pralaya ing sajroning paperangan, lan pungkasane Damar Wulan dados raja Majapahit.”

358

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~