Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi

SMA Negeri 1 Kasihan duwe taman tengah kang rada amba. Ing taman iku akeh wit-witan sing wis ngancik gedhe saengga bisa nyuda hawa panas ing lingkungan sekolah. Ing taman sekolah iki uga akeh wit woh-wohan lan wit paesan (tanaman hias). Wit-witan lan tetaneman iku mau bisa nambah eyup lan edhume lingkungan sekolah. Ora keri, ing mburi sekolah ana apotek hidup lan tanduran jejanganan. Ing saben taneman obat diwenehi jeneng lan pigunane, saengga para warga sekolah ngerti lan bisa migunakake taneman obat kasebut. Dene taneman sayur biyasane dipigunakake kanggo pakan kelinci ingon-ingone warga sekolah.

Saliyane iku, sekolah iki uga ngingu kewan, yaiku maneka warna manuk lan iwak. Dene ing pekarangan sekolah diengu lele lan kelinci. Sing ngurusi lan ngopeni tetuwuhan lan kewan-kewan iku kabeh ya para siswa miturut jadwal. Saben dinane mesthi ana siswa kang ngopeni tetaneman lan ingon-ingon iku. Ana sing nyirami lan ngrabuk tetaneman. Ana uga sing makani kewan-kewan.

Pawiyatan sing mapan ing Jalan Bugisan Selatan iku uga nggula wenthah uwuh. Mula ora jeneng aneh yen ing sekolah iki disedhiyani telung werna bak, yaiku bak kanggo sampah kertas, plastik, lan beling utawa kaca. Kanthi bak werna telu, luwih gampang anggone milihi uwuh yen arep “didaur ulang”. Uwuh gegodhongan biyasane dipigunakake kanggo rabuk organik. Uwuh kang awujud kertas didaur ulang dadi kertas maneh banjur kanggo bahan kerajinan. Dene uwuh kang awujud plastik lan beling uga digawe kerajinan.

Sekolah berwawasan lingkungan iku nduweni guna kang wigati tumrap kabeh warganing pawiyatan. Amarga sekolahe resik lan eyup, para siswa dadi seneng lan luwih grengseng anggone padha sinau saengga bisa ngundhakake prestasi akademik. Saliyane iku, sekolah berwawasan lingkungan uga bisa gawe kabeh wargane padha ngrumangsani (sadar) bab wigatine resik kanggo mulyaning uripe manungsa. Lingkungan kang resik uga dadi jalaran becik kanggo kasarasan. Apa maneh kasarasan iku larang regane mula kudu dijaga kanthi ngemonah resike lingkungan.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

25