Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/380

Kaca iki wis divalidasi
Nurochman Abadi
SMK Negeri 1 Sedayu


GUOBLOOG


ADEGAN I

JAM 7 BENGI PAK RT, LAN TUMINI LAGI MANGAN BARENG NING OMAHE. BAPAKNE TUMINI UJUG-UJUG BANJUR OMONG SING MARAKKE TUMINI KESELAK.

PAK RT : Nduk, kok kowe le mangn akeh banget to nduk?”

Tumini : Lha piye to pak ?”

Pak RT : “Ora piye-piye kok nduk ming takon.”

Tumini : “Wo bapak ki tak kira anakmu ora oleh manganne pak!!!”””

Pak RT : “Yo ora ngono nduk wong kowe ki anakku mosok ora oleh mangan.”

Tumini : “Lha yo bapak ki tumben takon koyo ngono.”

Pak RT : “Ora, nek akeh-akeh ki ndak awakmu ora seksi meneh, ndak lemu koyo ibumu.”

Tumini : “Walah, ibu’ ki wis ora ono aja diomongke meneh.” meneh.”

Pak RT : “ora ngomongke kok ming ngece hehehe...ora bapak mung arep takon..”

Tumini : “mung arep takon we basa-basi. Arep takon apa to bapak ki ?”

Pak RT : “ora, ngene lho nduk, kowe kan wis gede lan dewasa......”

Tumini : “wis to rasah basa-basi nek arep takon yo gek takon!!!”{{rh|~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~||359}