Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/388

Kaca iki wis divalidasi

Pak RT : “ngene wae pak dukuh lan kabeh sing ning kene,,,,aku duwe akal..... mengko bengi awak dewe nyiapke jebakan kanggo maling kuwi”

Sumono : “piye le njebak pak?”

Pak RT : “dadi awak dewe masang pitik jago sing larang kae ning omahku, terus di eneteni sopo sing njukuk”

Pendek : “ok bagus pak”

Sumono: “ok setuju mengko bengi kito jebak bareng...”

Pak dukuh : “yo wis nak do setuju..... saiki le rembugan uwis wae aku yo arep ning kelurahan barang jew... saiki pak RT nyiapke sing arep dinggo njebak malinge”

Pak RT: “nggih pak”


ADEGAN X

LE PODO REMBUGAN WIS RAMPUNG, KABEH BUBAR PODO MULIH DEWE DEWE. PAK RT NYIAPKE JEBAKAN SING AREP DI NGGO. JEBAKAN DI PASANG NING MBURI OMAHE. LHA PENDEK GANDENG PETOK UTAWA GOBLOG MALAH DUWE PIKIRAN AREP MALING PITIK SING DI DUWE PAK RT. SOALE PITIK MAU NAK DI DOL LARANG BANGET.

Pendek :“no.... tumino....”

Tumino :“pow ndek?”

Pendek :“mengko bengi kita beraksi"

Tumino :“beraksi ning ngendi meneh jew?”

Pendek :“ning ngoamhe pak RT”

Tumino :“walah omahe pak RT wis ping 3 to ndek”

Pendek :“ora po po.... saiki maling pitik jagone pak RT sing larang regane...”

Tumino :“ok lahk”


ADEGAN XI

BENGINE WARGA WIS PODO KUMPUL NING OMAHE PAK RT. WARGA WIS PODO NDELIK BEN ORA KECONANGAN MALINGE. TAPI SUWE BANGET LE PODO NGENTENI MALINGE ORA NJEDUL NJEDUL.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

367