Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/40

Kaca iki wis divalidasi

Nur Astri Mitayani
SMA Negeri 1 Banguntapan


SAGON,
PANGANAN SING KEPANGAN JAMAN


Saiki jamane wisata kuliner. Yen para sedulur plesiran ing sawijining papan, tanpa ngicipi panganan khas papan iku, rasane ana sing gothang. Yeng tindhak ing Wiyoro Lor, Baturetno, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta, panjenengan bisa diarani gothang menawa ora mundhut lan dhahar sagon.

Ngapa kok diarani gothang? Awit sagon dadi panganan khas ing desa iku. Apa maneh saiki sagon wis angel ditemokake. Nanging, ing desa iki isih tetep ana pirang-pirang panggawe sagon. Mula eman banget yen para pamaos ora mampir ing desa iki saperlu ngicipi sagon lan mundhut oleh-oleh kanggo kulawarga lan sanak sadulur.

***

Ing jaman saiki ora gampang nemokake warung sagon sing isih ngadeg jejeg lan rame dirubung sing padha tuku. Nanging ing Jalan Wonosari kilometer 7, sadurunge prapatan, ing sisih kidul dalan bisa ditemokake sawijining warung sagon. Warunge mung prasaja lan ketok wis ngemut umur (tuwa). Maklum, warung iki wis madeg wiwit taun 1930. Pak Wari — asmane “juragan” sagon iku — saiki wis generasi katelu. Mula bisa diarani istimewa dene isih ana “pabrik” sagon kang bisa tetep ngadeg jejeg ing jaman saiki. Sadina-dinane, omset dodolan sagone Pak Wari paling sithik Rp 100.000,00. Dene ing dina-dina sadurunge Riyaya Lebaran, omsete bisa luwih saka Rp 1.000.000,00.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

27