Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/42

Kaca iki wis divalidasi

sagon wis mateng rata, utawa ora bantat. Tur ambune dadi wangi awit kena panase areng sing rumesep ing sajroning sagon,” kandhane salah siji pegawene Pak Wari.

Cara panggang modern ora liya nganggo oven kompor utawi oven listrik. Walikane saka cara tradhisional, cara iki pancen luwih praktis lan luwih resik. Wujude loyang cithakan uga mawarna-warna saengga wujude sagon ora mung bunder kaya sagon tradhisional. Nanging, cara modern ndadekake sagon bisa luwih atos, bantat, lan wernane kurang mranani ati.

Sejatine rasa sagon ora kalah karo rasa pizza Italia. Upama disawang saka wujude, wis nyeraki, mesthine rasane ya ora beda. Rasa gurih parutan krambil ora kalah gurih saka keju mozarela sing larang regane. Legi lan kemremese panggangan krambil kaya topping ing sakdhuwure pizza. Beras ketan mesthi marahi luwih wareg tinimbang glepung ing pizza.

***

Ngapa panganan iki wis angel ditemokake? Amarga saiki ananing panganan tradhisional wis kadhesek dening anane panganan moderen kang tekane saka negara-negara manca. Emane panganan-panganan impor kuwi banjur ngalahake ajine panganan tradhisional. Ora mokal yen para juragan panganan tradhisional banjur padha bangkrut amarga kelangan papan ing atining masyarakat. Bocah enom saiki malah wis padha isin menawa mangan jajanan tradhisional awit dianggep ora gaul.

“Aku biyasane digawakke sagon karo mbokdheku pas Riyaya. Saliyane kuwi aku ora tau mangan sagon,” ujare Uning, siswi SMAN 1 Kretek, Bantul. Pratelane Uning isih lumayan awit isih ngerti wujude lan rasane sagon. Liya maneh karo Santi, siswi SMA Stella Duce Bantul, “Aku malah ora ngerti sagon ki apa, wiruh wujude wae ya durung tau,” kandhane karo ngguyu.

***

Ketok cetha menawa panganan tradhisional utamane sagon ora kajen utawa kurang diajeni ing omahe dhewe. Iki mrihatinake. Para juragan panganan tradhisional, klebu sagon, kudu pinter muter pikiran supaya pangganan tradhisional tetep disenegi lan

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

29