Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/44

Kaca iki wis divalidasi

Rifki Nurani Indra Pratiwi
SMK Negeri 1 Kasihan


PANDHAN ERI DADI AJI


Kahanan kang ana ora ngalang-alangi tekad kanggo madegake usaha. Usaha apa wae kang didhasari niyat, tumemen, lan antebing ati mesthi bakal nuwuhake hasil. Ora kudu dipathok hasile kuwi sepira. Bali pawitan utawa bathi sithik, kuwi uga bisa diarani kasil.

Kahanan ora ndadekake Mbah Madisah pasrah lan kalah. Dheweke nyatane bisa madegake usaha ana ing dhusune, yaiku Patihan RT 04 / RW 32, Gadingsari, Sanden, Bantul, kanthi barang kang padha dianggep sepele, yaiku pandhan eri..

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

31