Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi

konsumen seminggu pisan, kanthi nyaur nggawa. Tegese, diutang dhisik, banjur lagi dibayar karo njupuk maneh. Pancen tulus tenan atine simbah iki. Kanthi kabisane sing butuh kawigaten, isih gelem mikirake, nggatekake, lan ngundhakake hasil ekonomi keluarga lan tangga teparo kang mbutuhake lan gelem tumandang gawe. Tumindake Mbah Madisah jumbuh karo surasane tembang Jawa:

Kang aran bebuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kapinteran
Lan dudu para winasis
Apa maneh kasugihan
Nanging mung sucining ati


Nyambut gawe pancen wis diatur rejekine dening Gusti Allah. Mbah Madisah tlaten anggone nglakoni pakaryane, angolah pandhan terus dilakoni. Kanggone wong liya mesthi abot rasane nandangi gaweyan tanpa pambiyantune sigaraning nyawa. Apa maneh kudu nguripi anak kang akeh cacahe. Nanging kanggone Mbah Madisah, nyambut gawe kuwi kudu ikhlas lan ora nggresula.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

33