Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/47

Kaca iki wis divalidasi


Weruh kanyatan kaya mengkono putra-putrane Mbah Madisah uga ora meneng wae, nanging ngrewangi ibune. Karepe ya ora kepengen weruh ibune kang saya sepuh isih nyambut gawe, nanging piye maneh merga sing ngerti srawung dodolan pandhan iku ibune. Jalaran dodolan pandhan, srawunge Mbah Madisah pancen dadi jembar, tetepungane dadi akeh. Upamane Bu Sumarsih, Pak Sawal, Pak Tugiman, Pak Bantosi, Pak Soma Wijayan, lan isih akeh liyane.

Marga ditlateni, usaha pandhan mau saya suwe saya ngrembaka. Akeh sing butuh pandhan, mula akeh kang padha mara ana papan panggonane Mbah Madisah. Awit saya akeh sing butuh, Mbah Madisah banjur nukoni pandhan duweke bakul-bakul liyane. Senajan tuku, nanging kudu milih. Ora sabarang pandhan bisa digawe kerajinan. Pandhan kudu apik temenan.

***

Leladi (pelayanan) sing becik pancen murakabi. Ora mokal menawa akeh sing seneng dol-tinuku pandhan karo Mbah Madisah. Nanging, ora kena dipaido menawa dodolan kuwi mesthi ana tunane. Tuna kuwi biyasane nemtokake wong kuwi bakal terus maju utawa bakal mandheg tekan semono, gumantung kepriye anggone padha ngrampungi prekara sing ngreridhu.

34

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~