Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi

lan sawernaning souvenir kanggo para pelancong kang mampir. Wujud lan paedahe uga akeh maceme, wiwit saka asbak rokok, pot lan vas kembang gedhe sing ukurane nganti sak dedege wong diwasa. Piranti hias uga klebu pigura, kap lampu, patung, gantungan kunci, lan liya-liyane.

Salah sijining produk sing misuwur ana ing Kasongan yaiku sapasang patung temanten kang lingguh jejer. Patung iki luwih kondhang kanthi jengeng Loro Blonyo. Wewujudane patung Loro Blonyo iki tetiron (duplikat) saka patung sapasang temanten ing Kraton Ngayogyakarta.

Ana ing basa Jawa, loro nduweni teges ‘sapasang’, dene blonyo ateges ‘didandani nganggo upacara adat kanthi didusi’. Nanging, babagan surasane tembung loro blonyo, ora ana sing ngerti temenanan utawa isih dadi misteri kanggone para warga Kasongan. Senajan mengkono, para pelancong percaya yen patung Loro Blonyo bisa nggawa kabecikan lan kabegjan. Patung iku umume diselehake ana ing salah sijinine pojokan omah.


Patung Loro Blonyo

38

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~