Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/52

Kaca iki wis divalidasi

Saliyane nyenengi model patung Loro Blonyo, para pelancong saka mancanegara uga nyenengi model patung sajinis kanthi wewujudan beda, kayata penari, pemain gitar, peragawati, lan liya-liyane. Sandhangane uga dudu model Jawa, nanging diselarasake sandhangan model mancanegara. Para perajin Kasongan uga migunakake barang-barang kaya sepet, gegodhongan, oyot, lan karang.

Usahane para “juragan” keramik lan barang-barang seni ing Kasongan pancen terus ngrembaka sarta padha sengkut ngetutake ombyaking zaman lan panjaluke pasar. Nanging, ing mburine atusan showroom sapinggiring dalan gedhe Kasongan, isih akeh para perajin “asli” sing bisane mung gawe piranti tradhisional (kwali, genthong, kuwaron, keren, anglo, cowek, lan pot). Apa para perajin “asli” iku saguh ngetutake ombyaking jalan? Apa nasibe malah dadi surem marga saya adoh saka kahanan adil lan makmur?

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

39