Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/54

Kaca iki wis divalidasi

Yen para wisatawan tindak menyang papan wisata Guwa Selarong, ing regoling papan wisata iki ana patung Pangeran Diponegoro kang lagi nunggang jaran, saliyane ing regol, ing plataran papan wisata iki uga ana patung kaya mengkono kang padha karo sing ana ana ing regol mlebu papan wisata iki.

Sesawangan ing Guwa Selarong mula pancen endah lan cocok kanggo kemah. Kang biasane dianakke dening saben sekolah. Saliyane sesawangan kang endah, papan iku uga bisa kanggo ngumbar bocah rikala prei anggone sekolah. Bocah-bocah seneng amarga ing papan wisata iku uga ana panggonan kanggo dolanan bocah-bocah. Guwa Selarong bisa uga minangka panggonan kanggo ngaso lan ngenggar-enggar panggalih, amarga swasana padesaan kang endah, akeh wit-witan lan hawane seger. Bab kaya mengkono iku bisa gawe ati tentrem lan ngilangake rasa kesel.

Fasilitas ing papan wisata Guwa Selarong ora kalah karo papan wisata liyane kang bisa nyukupi keperluane para wisatawan anggone dolan ana ing papan wisata Guwa Selarong. Fasilitas iku antarane yaiku papan parkir kang amba, WC umum, papan salat, papan dolanan bocah, gardu pandang lan pendhapa kanggo leren yen wistawan padha kesel utawa dianggo nyawang pemandangan kiwa tengen.

Gunggunge gua ana loro, yaiku Guwa Putri lan Guwa Kakung. Gua Putri luwih dawa tinimbang Guwa Kakung. Dawane udakara loro meter. Titikane papan wisata kang awujud guwa kang mapan ana ing Dusun Kembang Putihan iki yaiku kanthi anane wit woh-wohan kang tuwuh subur. Woh-wohan iku antarane jambu kluthuk, sawo kecik lan isih akeh maneh liyane. Kejaba anane wit woh-wohan kang tuwuh subur, ana ing papan wisata kang mapan ana ing lemah kapur iki, wit cemara lan pandan uga tuwuh subur ana ing kiwa-tengen papan wisata Gua Selarong lan uga akeh watu-watu kang gedhe. Saliyane wit-witan kang tuwuh subur ana ing papan wisata iki, ana ing kana uga ana sentra kerajinan kayu ing antarane patung lan topeng.

Yen para wisatawan kepengin ngersakake tindak ing Gua Selarong karcise ora larang,kurang luwih Rp2.000,00 saben wong

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

41