Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/56

Kaca iki wis divalidasi

dikeparengake ngorek-orek, ewa semana isih akeh sing wani ngorekorek papan mau.. Bab iku padha wae ngrusak kaendahane papan wisata. Ana uga tumindak liyane yaikku mbuwang sampah ora mapan ing panggonan kang wis ditemtokake, njalari papan iki dadi reged lan ora endah maneh.

Ing kene ana uga papan utawa aula kang bisa dianggo acara apa wae, umpamane rapat. Ana ing papan wisata iku uga ana plataran amba kang bisa kanggo parkir utawa acara kang biasane nganggo panggung. Ing kiwa tengen undhak-undhakan uga akeh wong kang padha dodol woh kang dadi titikane papan wisata iku lan bisa dianggo oleh-oleh.

Amarga anane wit-wit sing dhuwur-dhuwur lan gedhe wujude dadi kaya alas, mula papan iki strategis utawa cocok uga kanggo kemah. Sing biasane nganakake mlaku-mlaku kanthi nggoleki barang-barang tartamtu utawa istilahe pencarian jejak.

Guwa Selarong uga bisa sinebut minangka papan wisata kang religius, amarga akeh wisatawan kang padha tindak menyang papan iki kanggo nindakake ritual meditasi . Ing papan iki uga saben taun diadani adicara “Grebeg Selarong” sing biasane diadani ing sasi Juli. Adicara iku kanggo mengeti hijrahe Pangeran Diponegoro lan dumadine Kabupaten Bantul.


Guwa Kakung

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

43