Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi

Pemerintah Kabupaten Bantul ndhawuh marang para warga amrih mbudidayakake wit jambu kluthuk maneh, amarga wit iku saiki arang ditemoni ana ing kana. Saliyane iku Pemerintah Kabupaten Bantul uga lagi mbudidayakake wit klengkeng ana ing papan wisata Guwa Selarong.

Papan wisata Guwa Selarong ora adoh seka Ngayogyakarta utawa kutha Bantul kang akeh hotel/panginepan, dadi para wisatawan saka luar daerah ora perlu wedi amarga bisa nginep ana hotel/panginepan yen kewengen.

Transportasi tumuju papan wisata Guwa Selarong kalebu gampang, ananging para wisatawan yen arep tindak ing papan wisata iki becik lamun migunakake transportasi pribadi, amarga transportasi kang langsung nuju ing papan wisata iki durung akeh. Wektu saiki papan wisata Guwa Selarong ora rame kaya biyen maneh. Wisatawan sing mara mrono mung sethithik. Kaya ngene iki dadi tugase pemerintah kanggo ningkatake kualitas papan wisata mau supaya para turis akeh kang mara ing papan wisata iki, yaiku kanthi nggrengsengake promosi/iklan kanggo narik kawigatene para turis. Ndandani papan kang rusak lan nambah fasilitas supaya wisatawan seneng lan sengsem. Saliyane tugase pemerintah, wisatawan uga kudu bisa njaga papan wisata Guwa Selarong supaya endah, inng antarane mbuang sampah ing papan kang wis ditemtokake ora ngorek-orek sakiwab tengene guwa.

Ana ing pungkasan bab kang kudu digatekake dening kita kabeh yaiku yen papan wisata Guwa Selarong iku ora mung papan wisata ananging uga papan kanggo ngurmati pangorbanane Pangeran Diponegoro kang kanthi greget nglawan Walanda kang arep nguwasani negara kita Uga minangka unjuk puji syukur marang Gusti kang wus paring kanugrahan papan wisata kang tuhu edi lan endah.

Saliyane iku tugas kita kabeh yaiku njaga lan nglestarekake papan wisata Guwa Selarong supaya ora rusak kepangan jaman lan ngelengake sapa wae sing bakal duwe niat ala bakal ngrusak papan wisata mau.

***

44

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~