Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi

Nurma Puspitasari
SMK Negeri 1 Bantul

URIP GUMOLONG JALARAN
“BANYU KONG”


Sairing lakuning jaman, budaya tradhisional umume tansaya mbleret. Sing isih wis kacampur karo budaya jaman saiki. Nanging beda prakara karo upacara Nguras Genthong utawa nguras banyu enceh sing klakon ing Pasarean Pajimatan, tlatah Bantul sisih kidul wetan, penere ana ing Imogiri, Bantul.

“Kula nggih mesthi melu rebutan ‘banyu kong’, Kula ugi melu gawe sajen,” ujare Bu Jono (70) karo molak-malik dagangane, ing Pasar Imogiri.

“Banyu kong” iku arane banyu genthong sing miturut warga dipercaya akeh khasiate. Mula ora gumun yen upacara Nguras Genthong utawa nguras banyu enceh durung diwiwiti, wis akeh warga sing teka. Ana sing mung kepengen ndelok upacarane, nanging uga akeh sing kepengen golek berkah saka banyu kong lan sesajene.

“Kula percaya nek banyu kong niki akeh khasiate,” kandhane Bu Jono (70) karo gemujeng.

Miturut critane warga kang wis turun-temurun, jaman biyen ana salah sawijining kulawarga keraton sing edan. Nanging bisa saras maneh sawise diombeni banyu saka genthong kuwi.

“Jaman ndhisik, ana keluwarga keraton sing edan. Lha mbasan diombeni banyu genthong utawa ‘kong’ kuwi mau njur mari. Mula tekan saiki ‘banyu kong’ kuwi dipercaya akeh

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

45