Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/59

Kaca iki wis divalidasi

khasiate,” tuture R. Mangun Pamujo (69), abdi dalem juru kunci makam perangan Keraton Surakarta.

***

Tradhisi Nguras Genthong utawa nguras banyu enceh iku ajeg dianakake saben dina Selasa utawa Jemuwah Kliwon ing sasi Sura, ing pasarean raja-raja Mataram, Imogiri. Tradhisi iki wis dileksanani wiwit jamane Sultan Agung (1613-1645) sing ngratoni negara Mataram meh setengah abad kepungkur. Sarehne negara Mataram iku misuwur amarga jembar panguasane lan gedhe wibawane, mula akeh negara liya sing kepengen dadi mitrane.

Ana crita, negara Sriwijaya (saiki Palembang) gawe mimis (pluru) saka waja ukurane 12,7. Sultan Agung banjur memba-memba dadi wong dodol suket kanthi ancas tujuan ngelingake menawa Mataram ora bakal njajah lan ora pengin dijajah Sriwijaya. Prajurit Sriwijaya dhawuh marang wong dodol suket iku supaya mindhah mimis waja sing mapan tengah dalan. Kacarita, bakul suket itu kasil mindhah mimis waja mau senajan tanpa ndemok barange. Prajurit Sriwijaya banjur ngerti lan ngakoni yen bakul suket kuwi sejatine Sultan Agung saka Mataram. Liding dongeng, raja Sriwijaya banjur menehi bebungah utawa tandha tresna awujud emas, inten, lan barlean. Nanging Sultan Agung ora kersa. Raja Mataram iku mung njaluk supaya genthong- genthong ing Imogiri banyune bisa menehi berkah kanggo kabeh kawula Mataram. Mula kraton Sriwijaya menehi tandha tresna awujud genthong sing saiki kasebut Nyai Danumurti.

Genthong utawa “kong” ing pasarean raja-raja Imogiri cacahe ana 4. Saliyane Nyai Danumurti saka Palembang, telu liyane yaiku: Kyai Danumaya saka kraton Aceh, Kyai Mendung saka kraton Rum (Turki), lan Nyai Siyem saka kraton Siam (Thailand).

Dene banyu genthong utawa “banyu kong” dijupuk saka tuk kang adohe udakara 7 kilometer sisih wetan makam, penere ana ing desa Mbengkung, Mangunan. Miturut kapercayan sing wis turun-temurun, tuk kuwi tilas tancepan tekene Sultan Agung. Lan desa Mbengkung kuwi saka tembung “ambeng” lan “ingkung”.

46

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~