Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/61

Kaca iki wis divalidasi

Dina Septiarini
SMA Negeri 1 Jetis

PASAREAN PAJIMATAN
DITINGGALAKE JAMAN?


Seneng iku larang regane. Ngapa bisa mengkono? Awit kanggone manungsa, rasa seneng dadi salah sijine kabutuhan rohani kanggo ngilangi rasa kesel sarampunge ngalakoni kridha sedina-dina. Akeh wong mburu papan-papan wisata kang endah lan nyenengake. Wong-wong tansah golek papan anyar kanggo rekreasi. Supaya bisa nyukupi kebutuhan rohanine, wong-wong uga ora mikirake ragad sing kudu diwetokake. Sing wigati bisa ngilangke kesel, lan ati dadi seneng.

Saiki akeh papan wisata kang ora boseni. Ora mung kuwi, papan wisata uga bisa dadi srana pasinaon tumrap para wisatawan. Nanging salaras karo majune jaman, wong-wong padha ninggalake papan wisata bersejarah, yaiku tilarane para leluhur kita. Kamangka papan kang bersejarah iku bisa paweh seserapan bab sejarah urip kita. Kanthi mengkono, kita ora nglalekake kautaman-kautaman kabudayaan lan sejarah kita dhewe.

Salah siji papan wisata sejarah sing wiwit ditinggalake dening masyarakat yaiku makam para raja Surakarta lan Ngayogyakarta, utawa ing khasanah kabudayan Jawa kasebut Pasarean Pajimatan Imogiri. Pajimatan iku saka tembung jimat tegese ‘barang sing dikurmati merga dianggep suci’. Mula saka iku, pasarean para raja iki duwe daya magis lan mistis kang

48

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~