Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/66

Kaca iki wis divalidasi

Veti Melani
SMA Negeri 1 Pleret

MUSEUM PURBAKALA
SUMUR GEMULING


Museum Purbakala Sumur Gemuling, mangkono gotheking wong akeh nyebut papan mau. Geneya kasebut Sumur Gemuling ? Mesti kanca-kanca padha bingung geneya kasebut Sumur Gemuling?

Miturut kang njaga museum, sawise Mataram surut tlatah iki biyen-biyene alas. Nalika semana lagi pada kurang banyu/wayah ketiga. Lan pandhereke Sunan Kalijaga padha angon kewan ing tlatah iki. Ing kana wong-wong lan kewan-kewan mau padha ngelak. Banjur Sunan Kalijaga ngendika ,”Yen kowe ngelak gulingna sumur kae”. Mula saka kuwi banjur diarani sumur gemuling.

Museum iki salah sawijining patilasan kraton Mataram kang saiki isih ana wujude. Museum kang mapan ing dusun Kedaton, Pleret, Bantul dibangun dening Dinas Kebudayaan Propinsi DIY wiwit taun 2004 lan rampung ing taun 2009.

Sanadyan bangunane ora gedhe nanging ing sajerone museum kurang luwih ana limangatusanan barang-barang paninggalan sejarah lan benda cagar budaya yaiku reca, stupa, lan barang-barang kang akeh gayutane karo sejarah. Ing kene aku bakal ngandharake apa wae kang ana ing kiwa-tengen lan sajerone museum Purbakala Sumur Gemuling.

Saka sajabaning museum ana Jaladwara. Jaladwara kang ana ing museum iki ora mung reca nande wae naning ana maneh

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

53