Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/69

Kaca iki wis divalidasi

Durung cetha kapan museum iki diresmekake. Mula korine isih katon katutup terus. Sanadyan katutup, nalika ana kang ngersakake mlebu bisa nemoni juru kunci/wong kang njaga museum iki, kang manggon ana caket ana ing lor museum. Durung akeh kang tindak ing museum iki. Biasane, mara mrene bocah-bocah kang golek katerangan (informasi) ing sajerone museum.

Pokeke Ora kuciwa yen mlebu museum iki. Saliyane kita bisa ngerti paninggalan-paninggalan jaman kraton Mataram, kita uga bisa ngresepi kaendahaning Kedhaton kanthi lungguhan ana ing pendhapa-pendhapa ing plataraning museum.

Foto-Foto Museum Purbakala

56

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~