Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/70

Kaca iki wis divalidasi

Arif Agus Setiawan
MAN Sabdodadi Bantul


WATU NGELAK JEJERE KALI OPAK



Kabupaten Bantul anggadhahi mapinten-pinten desa wisata ingkang ngrembaka lan kathah. Desa wisata wau siaga nampi wisatawan saking nusantara lan manca negari. Wonten ing riki kula badhe ngandharaken salah satunggaling desa wisata, inggih menika Desa Wisata Puton. Salah satunggaling papan wisata ingkang anggadahi pepak sanget potensinipun. Kadosta alam, pertanian, perikanan, peternakan, kerajinan lan seni budaya.

Wiyaripun Desa Wisata Puton mapan kirang langkung 70 hektar. Gunggungipun KK wonten 393 dumadi saking 1.284 jiwa. Mapan ing jalan Imogiri Timur, Trimulyo, Jetis, kinten-kinten

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

57