Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi

12 km saking Kota Ngayogyakarta. Amergi papan wau kalebet jalur wisata tumuju dhateng Makam Raja-Raja Imogiri. Badhe tumuju ing papan wau kapitan gampil saged ngginakaken khendarakan pribadi utawi khendarakan umum.

Wonten ing Desa Wisata kasebat katambah malih wisata alam “watu ngelak” lan “kali opak” ingkang saged dipun manfaataken kagem wisata. Watu ngelak ing Dhusun Puton menika anggadahi salah satunggaling nilai sejarah ingkang sampun dipunpitados dhening masarakat kanthi turun temurun. Sejarahipun nami Watu Ngelak kawiwitan saking nalika Sultan Agung ngulandara jengkar saking Keraton Pleret. Panjenenganipun nurut Kali Opak dumugi Pesisir Kidul badhe semedi. Kendel sakwetawis sakpinggiring lepen Sultan Agung nyepeng lan ngelus-ngelus watu ingkang ageng sanget, lan ing riku panjenenganipun ngraos ngelak. Sesarengan wonten ing mriku, wonten lare alit wayahipun randha dadapan ingkang nembe pados ulam. Lare kalawau lajeng nyaosaken toya kambil dhateng Sultan Agung. Mila lajeng Sultan Agung paring tetenger papan punika kanthi sesebatan “Watu Ngelak”.

Wonten dhusun celakipun Watu Ngelak inggih punika Dhusun Puton. Dhusun Puton anggadahi mapinten-pinten potensi wisata. Antawisipun, peternakan, perikanan, potensi budaya, kesenian, pondok makan ugi pemancingan, kedung kali Opak kaliyan bumi perkemahan. Salajengipun, Dhusun Puton anggadhahi ugi babagan kerajinan, antawisipun, wonten pahat batu, kerajinan batu, seni lukis, batik, kerajinan gedebog gedang, ugi sudi takir.

Sanesipun kerajinan Dhusun Puton gadhahi ugi potensi seni budaya, kadosta, karawitan, padalangan/wayang kulit, khethoprak, tari tradisional, gejog lesung, sholawatan, band ugi hadroh. Kuliner ingkang khas saking Dhusun Puton inggih punika industri peyek, keripik, kacang sangan, sego wiwit, masakan ikan segar, masakan tradisional ing pondok wisatanipun.

Potensi wisata ingkang dipungadhai Desa Wisata puton dipundukung ugi kaliyan fasilitas ingkang jangkep ing dhesa

58

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~