Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi

kasebat. Fasilitasipun kadasto panggung ugi arena seni, atraksi budaya, arena dolanan sarta kemah, pemancingan, pondok makan kanthi 6 gazebo, Sarana kesenian, joglo/gallery, langgar, penginapan (home stay), dumugi andhong lan sepeda wisata.


Kepala Bidang Pemasaran lan kemitraan dinas Kebudayaan lan Pariwisata Kabupaten Bantul, A. Diah Setiawati., SH, M.Hum, ngendikakaken “Puton sampun siaga nampi wisatawan ingkang badhe rawuhing Dhesa Wisata Puton, amergi Puton sampun anggadahi fasilitas pendukung ingkang pepak.

Kelompok Sadar Wisata (Pokdarwi) Dusun Puton, Trimulyo, Jetis, Bantul, Sabtu, 24 April 2010, ngawontenaken mancing sesarengan kaliyan Bupati Bantul Drs. HM Idham Samawi wonten ing Komplek Wisata Watu Ngelak. Mancing sesarengan Bupati punika kawontenaken kagem salah satunggaling promosi desa wisata dhening masarakat.

Pangandikane Ketua Pokdarwis Dusun Puton, Ngadiana, “Mancing sesarengan punika mboten dipungut arta utawi gratis kagem masarakat, saengga kathah tiyang sareng-sareng tumuju ing papan pemancingan wau, menapa malih kanthi rawuhipun

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

59