Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi

Riga Yuliyanto
SMK Muhammadiyah 1 Bantul


PESISIR KUWARU KANG “SERU”



Kanggone para siswa sasi Juni lan Desember mujudake sasi kanggo seneng- seneng. Amarga ing sasi iku para siswa padha prei anggone sekolah. Lan papan panggonan kang dituju salah sijine yaiku Pesisir Kuwaru. Pesisir Kuwaru mujudake papan wisata kang kagolong anyar. Mapan ana ing Kecamatan Srandakan Bantul Yogyakarta. Papan wisata iki katon endah sesawangane amarga wit-witan cemara kang rungkut lan hawane uga adem.

Ing Pesisir Kuwaru, fasilitas-fasilitas wisatane pepak banget. Ing anatarane kolam kanggo lelangen bocah, ATV lan uga ana saung-saung kanggo leyeh-leyeh lan dhahar. Kanggo mlebu kolam lelangen bocah, para wong tuwa kudu ngetokake dhuwit

62

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~