Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi

Rp. 2000,00 saben bocah. Ing papan iki bocah.​​​​bocah-bocah uga bisa dolanan bal kang wis disediakake ana ing kolam lelangen bocah. Ing papan mu sumadiya uga papan kanggo​​​​​ tlusurane. Dolanan liyane kanggo bocah-bocah yaiku ana mancing iwak-iwakan, odong- odong , mandi bola,lan sepur-sepuran.

Kanggo para wiranom uga ana dolanan kang bisa kanggo seneng-seneng. Dolanane yaiku ATV. Pak Bondan salah sawijining pawongan kang nduwe ATV mratelakake, “Aku nyewakake ATV iki saben 15 menit regane Rp25.000,00. Dadi para wiranom bisa mubeng-mubeng Pesisir Kuwaru kanthi bebas, lan ora sumelang yen bakal kesel. ATV uga bisa ditumpaki wong loro. Siji nyetir lan sijine mbonceng. Nanging yen ana durung bisa numpak ATV rasah wedi, amarga kita bisa njaluk tulung marang wong kang nyewakake ATV. Jinising ATV ana loro, yaiku cilik lan gedhe.

Yen wis rampung anggone dolanan, kita bias mampir ana saung-saung kang ana ing Pesisir Kuwaru. Kita bisa bebas arep milih leyeh-leyeh ana ing saung ngendhi wae. Saben saung uga nyedhiakake maneka warna dhedharan. Ing antarane ana iwak bakar, gorenng lan sapanunggalane. Yen ana ing saung cilik-cilikan panganane ana arem-arem, gedhang godhog,sate,lan maneka warna panganan unyil-unyilan kayata taro, turbo, oreo lan sapanunggalane.

Salah sijine uwong kang nduweni saung yaiku Mbak Yun, nyedhiyakake iwak laut bakar kang diregani Rp11.000,00 sawedange. Dene iwak laut goring regane Rp 10.000,00. Mbak Yun uga nampa pesenan panganan kaya kang kabutake ing ndhuwur mau.

Ing saung-saung uga nyewakake klasa. Yen ngelak kita uga bisa ngrasakake degan asli sing rata-rata regane limang ewu rupiah. Kanggone para wisatawan sing kepengin nggawa bali iwak lauting papan wisata Pesisir Kuwaru uga ana TPI (Tempat Pelelangan Ikan), kang nyedhiyakake maneka warna iwak laut. Sing regane bisa dianyang. Ana uga oleh-oleh kang bisa digawa bali, antarane

yaiku peyek undur-undur lan kaos. Kejaba kuwi, bocah-bocah uga bisa tuku pong-pongan kanggo dolanan neng omah.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

63