Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi

Fasilitas liya ing GPW yaiku restoran sing wujude gazebo bunder, food court ing sisih lor Kolam Batita, ruang bilas kakung lan ruang bilas putri, papan nyewa locker lan ban single/ double, papan nyewa gazebo, gazebo cacah 8 sing bisa disewa, outdoor shower cacah 2 ing wetan lan kulon Kolam Batita, ATM, sarta mushola.

Kanthi mengkono, sarampunge lelangen lan dolanan banyu, kita bisa lelungguhan ing taman cedhak kolam lan cepak-cepak bali.

***

Kaluwihane GPW yaiku papan parkire jembar, ana blumbang lelangen kanggo kabeh umur, wahana dolanan mawarna-warna kanggo bocah-bocah, restoran lan papan jajanan, sarta petugas panjaga kolam sing tansah nyetitekake kaslametane para pengunjung. Petugas mesthi nggawa sempritan dinggo nyaruwe pengunjung supaya ora ana sing tabrakan nalika tlusuran.

Kepenake lelangen ing GPW isih ana maneh. Sepisan, GPW cedhak karo sesawahan sing asri. Hawane silir lan adhem-ayem, bisa kanggo ngilangake bot-repote pikiran (stress). Bar lelangen, kita bisa leyeh-leyeh lan ngenggar-enggar penggalih.

Kapindho, GPW cedhak karo Pasar Seni Gabusan. Tegese, sawise tutug dolan ing GPW, kita bisa blanja barang-barang seni asile para warga Bantul. Yen ora sir blanja, kita bisa ndelok pameran seni sing kagelar ing Pasar Seni Gabusan.

Yen arep lelangen sisan ngenggar-enggar penggalih lan ngrahabi seni-budaya ing Bantul, kita ora sah lunga adoh-adoh lan ngetokake biyaya akeh. Cukup tindak GPW, awak dadi seger, pikiran dadi ludhang, lan ati dadi bungah. Awit GPW iku blumbang gagah kang cedhak pasar lan sawah.

***

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

67