Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/84

Kaca iki wis divalidasi

Vitria Ananda
SMK Negeri 2 Sewon


OMAH BUDAYA TEMBI:

NGURI-URI TRADHISI

NGLESTAREKE BUDAYA JAWI


Museum Omah Budaya Tembi mapan ing Jalan Parangtritis Km. 8,4 Tembi, Timbulharjo, Sewon, Bantul, Yogyakarta, yaiku museum ingkang nduwe kawigaten mligi bab kabudayan Jawa. Museum iki di bukak saben dina Senen nganti Jemuwah, tabuh sanga esuk tekan tabuh papat sore. Ambane bangunan pokok museum iki yaiku 212 m2, ambane bangunan sakabehe iku 1057 m2 lan mapan ing plataran sing jembare 3500 m2.


Gambar rumah budaya depan

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

71