Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/85

Kaca iki wis divalidasi

Koleksi sing ana ning museum iki ing antarane peralatan tradisional masarakat Jawa, contone piranti olah-olah (keren, dandang), gegaman (keris, tombak), piranti tetanen(luku, garu), piranti kang gegayutan karo seni (gamelan, batik). Ing jero Omah Budaya Tembi uga ana pit onthel Jawa, montor kuno, poster kuno, foto-foto kuno . Dene ing perpustkaan sumadhiya koleksi naskah crita gugunge ana 5000 iji.


Gambar pit kuno tembi

Fasilitas sing ana ing museum iki kejaba perpustakaan ana uga papan pameran, papan kanggo rapat lan panginepan. Ana uga rumah makan, blumbang lan pendhapa kang ana gamelane. Museum iki uga nyedhiani pepandu wisata tumrap turis saka manca. Lan nyawisake fasilitas transportasi kanggo tamu seko adoh sing mbutuhake didherekake mubeng Jogja lan sakiwa tengene.

Kegiatan sing rutin diadani yaiku pentas tari tradisional saka

Sabang tekan Merauke, pagelaran wayang mapan ing pendhapa kanthi dhalang saka tlatah Bantul. Kegiatan tradisional uga dadi

72

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~