Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/88

Kaca iki wis divalidasi

Tri Roso Nurvita
SMA Negeri 1 Pajangan


GAREBEG SELARONG


Garebeg Selarong inggih menika tradhisi budaya kang kagelar ing papan wisata Guwa Selarong, Guwasari, Pajangan, Bantul, Ngayogyakarta. Menika kangge nepangaken obyek wisata Guwa Selarong dhateng masarakat. Ugi kangge mengeti lairipun Karang Taruna Dipo Ratna Muda lan mengeti hijrahipun Pangeran Diponegoro saking Ngayogyakarta dhateng Selarong tanggal 18 Juli 1825. Krana samenika ingkang rawuh Guwa Selarong saben taunipun saya sakedhik.

Garebeg Selarong dipunwontenaken saben taun dening pemerintah Desa Guwasari kabiyantu para pemuda Karang Taruna

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

75