Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/89

Kaca iki wis divalidasi

Dipo Ratna Muda Guwosari, Pajangan, Bantul, Yogyakarta saking taun 2005 dumugi sepriki. Garebeg Selarong samenika dening 15 dhusun saking Desa Guwasari, inggih menika: Pringgading, Bungsing, Dukuh, Gandekan, Iroyudan, Kadisono, Kalak Ijo, Karang Ber, Kedung, Kembang Gedhe, Kembang Putihan, Kentolan Kidul, Kentolan Lor, Santan lan Watu Gedug menika sami anggelar sedaya potensi ingkang wonten ing dhusunipun.

Adicara budaya Garebeg Selarong saben taun tansah wonten ewah-ewahanipun. Ingkang kaping VII utawi ing taun 2011 menika dipunwontenaken tanggal 3--10 Juli 2011. Garebeg Selarong ketingal semuwa kanthi kridha mawi lampah saras (jalan sehat), sumbang erah sesarengan (donor darah massal), jathilan, lan lomba paduan suara menika ing dinten Minggu, 3 Juli. Dinten Senen, 4 Juli wonten jathilan malih lan Karawitan saking HIMAMIKE (Himpunan Muda-Mudi Kembang Putihan). Selasa, 5 Juli festival jathilan, lan pentas seni budaya lokal. Rabu, 6 Juli jathilan, festival kesenian lan budaya lokal (Bang- bung, Campur Sari, Tari). Kamis, 7 Juli jathilan, lan pengajian akbar. Jumat 8 Juli senam sesarengan, pengobatan gratis, lan lomba nyanyi. Sabtu 9 Juli lomba fashion show sarimbit busana Jawa, lomba dance (tari modern) TK lan PAUD.

Pucuking adicara ing dinten Minggu, 10 Juli inggih menika Karnaval Garebeg Selarong. Ingkang dipuniwiwiti saking Balai Desa Guwasari diarak dumugi Guwa Selarong. Sinten kang rawuh rumiyin menika angsal urutan ngajeng. Adat sabenipun Garebeg Selarong inggih menika saben dhusun ndamel gunungan nanging taun 2011 menika namung saking kalurahan ingkang ndamel gunungan amargi sampun dipunsarujuki bilih gunungan kangge saben dhusun dipunwontenaken kirang langkung tiga utawi gangsal taun sepisan. Sabibaripun ngarak gunungan dipunpungkasi kanthi umbul donga kaliyan dhahar sekul jene (kuning) sesarengan.

Kangge ngregengaken Garebeg Selarong wonten ugi mapinten- pinten dhusun mbikak stand. Stand-nipun nggelar kerajinan- kerajinan, jajanan utawi camilan, perkakas, lan

76

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~