Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi
ingkang kadamel dening saben dhusun. Stand Pringgading ndhasaraken klambi batik, tas batik, maneka warni kerajinan batik kayu, maneka warni kerajinan wayang kulit, lan sanessanesipun.

Beda malih saking Stand Kentolan Lor, menika wonten pernak- pernik lan souvenir. Dene saking Kadisono mande jajanan tempura lan es jus. Saking Stand Kembang Gedhe mande batik klambi, batik rok, lan krudhung. Tasih kathah malih Stand warni-warni saking saben dhusun. Sedaya Stand menika kagelar wonten ing sangangajengi Guwa Selarong. Dados menawi para rawuh mlebet Selarong sampun dipunsugata maneka warni kerajinan kang kadamel dening warga masyarakat Desa Guwasari saget kangge oleh-oleh.

Garebeg Selarong ugi dipundadosaken adicara merti desa dening masarakat Guwasari. Merti desa kangge ngunjukaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maringi berkah lair bathin lan nyuwun kawilujengan kangge masyarakat Guwasari.

Mangga kita biyantu murih lestarinipun Guwa Selarong, krana Guwa Selarong menika mujudaken papan wisata “bersejarah” tumrap bangsa kita. Ewa semanten, boten namung nglestantunaken Guwa Selarong kemawon, nanging mugi-mugi sedaya papan wisata ing Indonesia tansah lestari.


***

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

77