Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/91

Kaca iki wis divalidasi

Yunita Tri Wahyuni
SMA Negeri 3 Bantul


GUNUNGAN SAMPAH OWAH
DADI BANK SAMPAH


Sampah, istilah iki kerep keprungu ana ing madyaning masyarakat. Saben dina masyarakat gawe sampah-sampah seka maneka warna bahan organik utawa non organik. Ora mokal menawa sampah-sampah kuwi dadi salah sawijining perkara sing penting ana ing lingkungan masyarakat, yaiku saka akehe sampah sing sumebar ana ing lingkungan masyarakat lan ora bisa diolah utawa digunakake. Masyarakat banjur gawe papan kanggo ngguwang sampah utawa TPA (Tempat Pembuangan Akhir) kanthi sageleme dhewe. Contone gawe jugangan lan ngguwang sampah ana ing kali utawa selokan sakiwa tengening omah.

Saka akehe perkara babagan sampah iki, ana ing kampung RT 12 Badegan, Bantul, Yogyakarta, madeg salah sawijining organisasi utawa wadhah kanggo numpuk sampah. Ora mung saka masyarakat sakiwa tengene Badegan wae, nanging uga saka tlatah liya, contone saka Kabupaten Sleman. Ada-ada iki diwujudake kanthi jeneng Bank Sampah Gemah Ripah sing madeg rikala tanggal 5 Juli 2008. Ada-ada Bank Sampah Gemah Ripah iki dipandhegani dening Bapak Bambang Suwerda Dosen Poltekes Kementrian Kesehatan, Nur Sahid salah sijine seniman, almarhum Panut Susanto sing biyen minangka direktur Bank Sampah Gemah Ripah lan Fredi Bimolaksono pemudha ing desa Badegan. Madege Bank Sampah Gemah Ripah, dirintis dening patang pawong

78

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~