Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/92

Kaca iki wis divalidasi

an mau sing diwiwiti kanthi gegojegan utawa guyon parikena, nanging banjur dadi kanyatan.


Mula bukane Bank Sampah Gemah Ripah iki jenenge Bengkel Kesehatan. Tujuwane menehi kesadharan bab pentinge kesehatan lingkungan tumrap masyarakat, mligine warga masyarakat RT 12 Badegan, Bantul, Yogyakarta sakiwa tengene kampung. Bank Sampah Gemah Ripah dewe duwe teges ora beda adoh kaya bank-bank umume. Saben nasabah diwenehi buku tabungan lan sejenis nomer rekening. Nasabah bisa nyetorake sampah-sampah sing uwis dipilih lan dipilah saka ngomah, kayata: plastik, kerdhus, gabus, lan sapiturute marang bagian teller. Banjur nasabah bakal antuk bukti setoran kayata bank-bank umume. Sampah-sampah iku diregani beda-beda gumantung saka jenise sampah sing bakal diolah. Bukti setoran sing digawa nasabah Bank Sampah Gemah Ripah bisa diwujudake dhuwit. Dadi ora ana istilah nabung sampah narik sampah meneh.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

79