Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/94

Kaca iki wis divalidasi

mbaka sethithik dirampungke lan warga masyarakat ora kuwatir marang anane maneka perkara warna sampah.

Tuti nambahake, “Pemerintah kudu nduweni krenteg kanggo nyiptakake lingkungan sing resik, sehat lan endah”. Umpamane nyiapake Bank Sampah ing saben kecamatan utawa desa ana ing Kabupaten Bantul.

Kanthi andharan iki cetha menawa ananing Bank Sampah bisa sethithik mbaka sethithik ngrampungake perkara sampah ing masyarakat. Apa warga masyarakat arep tetep ngguwang sampah ana ing TPA kayata kali, jugagan lan selokan?

***

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

81