Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/95

Kaca iki wis divalidasi

Uning Lia Nia
SMA Negeri 1 Kretek

BAILAH PEDHOT SEKOLAH,
GULA JAWA NYUKUPI NAFKAH
Bailah lagi nyithak gula jawa

“Wanita iku sabisa-bisane ngrewangi bojone”. Mengkono pituture Siti Bailah kang diundang “Simbok” dening anak-anake. Parji, Gula jawa kagawe saka legen, biyasane kanggo salah sawijining bumbu masak utawa bahan gawe roti. Yen kanggone Bailah, gula jawa iku ora mung dadi bumbu masak lan bahan gawe roti, nanging dadi cagak urip tumrap kulawargane.

Saben esuk lan sore, Parji menek puluhan wit klapa saperlu njupuk legen kang wis dideres (dijupuk sari manggare). Saben

82

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~