Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/96

Kaca iki wis divalidasi

sak wit kambil bisa ngasilake setengah nganti seliter legen. Saben seliter legen bisa ngasilake saons tekan rong ons gula jawa. Legen diwadhahi nganggo piranti kang diarani beruk (kagawe saka botol utawa uga bisa bathok wutuh kang dibolong ndhuwure).

Legen sing wis dijupuk mau banjur disaring lan digodhok dening Bailah supaya banyune suda. Yen wis tuwa utawa umup, legen banjur diwenehi parutan kambil sethithik supaya ora mbludak. Yen wis kenthel, legen banjur didhukke lan digalo (diudhak) mbunderi pinggir kuwali nganti ndhangkal kanggo nileki gula kuwi alot apa ora. Banjur diudhak-udhak nganggo irus nganti kenthel kaya jenang. Sabanjure jenangan gula banjur kacithak.

Siti Bailah wis gawe gula jawa wiwit dheweke umur wolulas taun. Gawe gula jawa kudu sabar awit mbutuhake wektu suwe, kurang luwih loro tekan patang jam. Cepet-suwene nggeneni gumantung jinis lan garing-telese kayu ing luweng.

Gawe gula jawa pancen ora saben wong bisa nandangi. Kadhang kala gula jawane uga ora dadi. Miturut pengalamane Bailah, ana telung perkara sing njalari gula jawa ora dadi. Kapisan, kurang laru lan injet. Laru iku ana werna telu, yaiku awujud endhak-endhak, kum-kuman kayu nangka ing banyu kapur, utawa kum-kuman kulit manggis garing ing banyu kapur. Laru iki pigunane supaya legene ora mumpluk.

Kapindho, kasep anggone nggeneni. Iki bisa ndadekake gula jawa rasane pait. Dene katelu, legene ngiler. Yen legene ngiler, mesthi wae gula jawane kurang apik lan rasane ora enak.

Senajan uripe akeh alangan, Bailah tetep tekun lan tumemen misaya gula Jawa. “Urip kudu diperjuangake,” kandhane wanita sing pawakane rada lemu iku. Kepriyea wae, saka gawe lan dodolan gula jawa, Bailah bisa nyekolahake anak-anake. Sing mbarep wis dadi guru PNS lan saiki mulang ing salah sawijining SD ing Imogiri. Semono uga sing kaloro lan katelu, wis bisa ngrewangi ngragadi sekolahe adhi ragile sing isih SMA.

Miturut Mei (22), anake Bailah nomer loro, “Simbok pancen tekun. Wiwit biyen ketuk saiki isih wae gelem rekasa gawe gula, senajan hasile ora sepiroa.”

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

83