Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/98

Kaca iki wis divalidasi

Nurul Ari Subekti
SMA Negeri 1 Piyungan


KERAJINAN WAYANG IMOGIRI
KUDU TETEP LESTARI


Desa Wukirsari Imogiri yaiku salah sawijining desa wisata ing tlatah Kabupaten Bantul. Desa Imogiri salah sawijining desa para pengrajin wayang lan batik. Ing kene akeh warga kang nggawe wayang, sing dilakoni turun-tumurun saka leluhure biyen. Nggawe wayang mono uga kanggo pengeling-eling marang Sunan Kalijaga kang wis nyebarake agama Islam ing tanah Jawa. Sunan Kalijaga migunaake wayang supaya warga gampang mangerteni lan nampa ajarane.

Pagelaran wayang wis diakoni dening UNESCO tanggal 7 November 2003, minangka budaya Indonesia. Mula warga Indonesia, mligine warga Imogiri urun-urun melu nglestarekake wayang supaya ora ilang lan diakoni dening negara liya. Warga Imogiri anggone gawe wayang nganggo cara tatah sungging, bahane yaiku saka kulit kebo, sing kualitase apik lan gampang ditatah.

Salah sawinjining pengrajin yaiku ibu Maryanti kang umure 56 taun, madeg minangka pengrajin wayang nerusake usahane leluhure. Panjenengane banjur gawe sanggar wayang saka taun 1981 kang mapan ing Nogosari, Wukirsari, Imogiri, Bantul. Sanggar wayange ibu Maryanti ora mung gawe wayang nanging uga gawe kerajinan liyane yaiku gantungan, kap lampu, lan kipas kang digawe saka kulit.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

85