Kaca iki wis divalidasi
12
4. PITIK TUKUNG.
Aku duwé pitik ......... pitik tu-kung.
Saben dina, dakpakani djagung.
Petok-gogog-petok, ngen-ḍog-pi-tu,
tak-engrem-ké ne-tes-telu,
kabèh paḍa tronḍol, ḍol, tanpa wulu.
Ménḍol-ménḍol, ḍol, gawé guju.
I. WANGSULANA.
- Pitik iku warna-warna, ana katé, ana apa manèh ?
- Enḍog pitik sok dienggo apa ?
- Wulu pitik iku warna-warna, ngaranana !
- Pitik iku jèn ngenḍog ana ing ngendi ?
- Jèn angrem sok nganti pirang dina ?
- Pitik iku sok dimangsa apa ?
- Enḍog bèbèk sok diengremaké apa ?
- Enḍog bèbèk rupané keṕrijé ?
- Enḍog pitik rupané keṕrijé?