Kaca:Basa Jawi Gagrak Anyar 1.pdf/105

Kaca iki wis divalidasi
  1. Saka pangrasaku, ora prayoga yen kowe metu bengi ing sajroning kaanan durung tentrem.
  2. Sutarja kandha, yen dheweke ora munggah pangkat.
  3. Aku sumpah, menawa ora bakal nindakake pagawean maksiat maneh maneh.
  4. Panedhanipun lare punika, menawi sampun ageng badhe sekolah dhateng manca negari.
  5. Tiyang punika pitaken, benjing punapa angggen kula badhe dhateng mrika.
  6. Kula pitados, bilih tiyang punika burus manahipun.


V. TITI BASA/GAYA BAHASA (1.7.)

A. WARNA BASA (1.7.1.)

Ukara-ukara iki gawenen krama lugu !

  1. Sutana durung adus.
  2. Kanca-kanca seneng mlaku-mlaku.
  3. Padha lungguhna lan crita gentrnan !
  4. Dak mangan dhisik !
  5. Kowe apa iya arep mangan ?
  6. Aku arep ngombe wedang jae.
  7. Sadhela maneh aku arep lunga menyang Sala.
  8. Panggonanmu apa ana wit gedhang Bawen ?
  9. Omahmu kuwi ngendi ta ?
  10. Kowe apa duwe sadulur ?


B. RENGGA BASA (1.7.2.)

Tembung entar
Alun-alun awoh bocah.
awoh tegese akeh

Coba tembung entar ing ukara iki kepriyetegese ?

  1. Bocah kuwi pancen mati ilate, lha wong selat enak-enak kok ora doyan.

103